Tuesday, May 12, 2020

GEGURITAN KATRESNAN

Contoh puisi/geguritan katresnan (cinta)



PESEN KAPANGKU MRING WONG AYU PUJANINGSUN
Dening: Khrisna Wahyu Aditama

Rasa kapang iki tan nora bisa binendhung
Binendhung ana sak jroning ati iki
Ati kang ngampet rasa kapang mring sliramu
Ya sliramu kang dak tresanani

Wong ayu.. 
Senadyan ta aku ana ing doh Paran
Paran sing adoh ing kana
Aneng kana wewayangmu ginambar ana ing angen angenku
Ya mung sliramu wong ayu pujaning ati ningsun

Sira wong ayu..
Aneng kene, aku mung bisa mbatin
Mbatin aku nitipke kapang mring sliramu
Kapangku iki tak titipke mring sumilir e maruta
Sumebyar e Kartika, tumetesing Tirta, uga tak titipke ana candraning rembulan
Tat kala ning wanci Dalu
Dhuh wong ayu...
Aku kapang mring sliramu